استغفر الله ربّ البرايا # استتغفر الله من الخطا يا
ربّي زدني علما نافعا # ووفّقني عملا صالحا
يا رسول الله سلام عليك # يا رفيع الشان و الدرج
عطفة يا جيرة العالم # يا أهَيل الجود والكرم
Ngawiti ingsun nglaras Syiiran, Kelawan muji marang Pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan, Rino wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito, Ojo mong ngaji Syare'at bloko
Gur pinter ndongeng, nulis lan moco, Tembe mburine bakal sengsoro
Akeh kang apal Qur'an haditse, Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gag di gatekke, Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro, Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo, Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo nglaleake, Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhite, Baguse sangu mulyo matine
Kang aran soleh bagus atine, Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate, Ugo hakikot manjing rasane
Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo, Tanpo ditulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskito, Den tancepake ing njero dodo
Kumantil ati lan pikiran, Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rosul dadi pedoman, Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Allah kang moho suci, Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi, Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman, Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan, Kabeh tinakdir saking pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo,Kang podo rukun ojo ngasio
Iku sunahe Rosul kang mulyo, Nabi Muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sakabehane, Allah kang bakal ngangkat derajate
Senajan ashor toto dhohire, Ananging mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing pungkasane, Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone, Utuh mayite ugo ulese
Tidak ada komentar:
Posting Komentar