AMG menyapa :

--::::: Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wabarokaatuh... Selamat Datang di Blog Jam'iyyah Hadroh Al Mubarok Gajah Demak. Semoga silaturrahmi ini membawa berkah dan manfaat untuk kita semua. Aamiin... :::::--

Padang Bulan

اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّد
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ الله

Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelengake, ojo turu sore
Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore

Lamun wong tuwo, lamun wong tuo keliru mimpine
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso Pengeran
Anak putune, rame rame rebutan warisan

Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah)
Kang den arep-arep yoiku turune rohmah
Jebul kang teko, jebul kang teko nambahi fitnah

Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan
Gambar kucing, dikiro gambar macan
Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan

Kurang puas kurang puas, luru ramalan
Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
Jebul kang takon, jebul kang takon wis ketularan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar